Skip to main content

ETHNOS_APP

Home • Search • Journals • List 0

Konflik Batin Tokoh Utama dalam Novel Tatu Karya Tulus Setiyadi Kajian Psikologi Sastra

Bibliographic Data

ID22256058
AuthorsSantri Widodo (Universitas PGRI Semarang), Bambang Sulanjari (Universitas PGRI Semarang), Yuli Kurniati Werdiningsih (Universitas PGRI Semarang)
Year2024
Volume5
Issue1
Pages61-71
Publication date2024-01-02
Peer ReviewedYes
Open AccessYes
TypeARTICLE
VenueJISABDA Jurnal Ilmiah Sastra dan Bahasa Daerah Serta Pengajarannya (JOURNAL)
Journal identifiersISSN: 2715-6281 • E-ISSN: 2715-7563
PublisherUniversitas PGRI Semarang (PUBLISHER • ID)
DOI10.26877/jisabda.v5i1.16800
OpenAlexW4390501294
LanguageEN

Panaliten punika duweni ancas kanthi jlentrehaken babagan konflik batin tokoh utama sajroning novel Tatu anggitannipun Tulus Setiyadi kanthi ngginakaken kajian psikologi sastra. Panaliten punika ngginakaken metode kualitatif kanthi dudutan dhata arupa tembung-tembung lan njlentrehaken konflik batin tokoh utama. sumber dhata ingkang dipun_ginakaken punika saking novel Tatu anggitannipun Tulus Setiyadi. Dhata sajroning panaliten punika arupa tembung-tembung utawa ukara kang ngenani babagan konflik batin ingkang dipun lampahi kaliyan tokoh utama. Teknik pengempalan dhata inggih punika ngginakaken teknik baca lan catat, teknik analisis dhata ngginakaken reduksi dhata, display dhata, lan verifikasi dhata utawa njupuk dudutan.Adhedhasar analisis novel Tatu anggitan_nipun Tulus Setiyadi, panaliten punika nemokake rong puluh dhata babagan konflik batin kang dipun alami dening tokoh utama Karisma, yaiku kaya dene: (1) depresi antuk rong dhata, (2) marah antuk papat dhata, (3) sakit hati antuk telu dhata, (4) obsesi antuk telu dhata, (5) cemas antuk papat dhata, lan (6) tidak puas antuk papat dhata. Konflik batin punika dilampahi tokoh utama ingkang paring asma Karisma sawektu nglampahi saben-saben lakon, kaya dene: nalika Karisma ditinggal seda ibu lan jabang bayine, nalika Karisma omah-omah karo Rony banjur kagodha tokoh Saraswati, nalika anak kuwalone takon wong tuwane kang sak benere, lan nalika Karisma berjuang kanggo mbangun balewisma karo Karmun. Adhedhasar konflik batin kang cacahe nem (6) punika, tokoh utama nglampahi konflik batin akeh-akehe kerana faktor eksternal

Art · Psychoanalysis · Educational Methods and Media Use · Educational Research and Methods · Linguistics and Language Analysis · Psychology

Citation velocityhistorical
Highly citedNo

Tools

Open DOIOpen Access
Ethnos_APP • Open Source Project • MIT License • Frontend v2.0.0 • Privacy and Cookies • API Documentation: api.ethnos.app/docs • API Source Code: GitHub • DOI: 10.5281/zenodo.17049435 • Frontend Source Code: GitHub • DOI: 10.5281/zenodo.17050053 • cruz.rio.br • Expectantes Misericordiae